Berita
Sep 14, 2026

Tameng sing Ora Wutuh Maning

RedaksiMuOne2026

“HAHAHAHAHAHA! Pancen bocah endep, ora teyeng apa-apa!”, keprungu swara bocah lanang neng lorong sekolah. Naufal agi nyekeli kacamata ireng, neng pereke ana Najmina karo Michaelo agi ngguyu-ngguyu.

“Balekna kacamatane nyong!” ujare Fira maring bocah telu mau. Mripate deweke wis abang banget ngempet nangis.

Michaelo njorogna pundake Fira sing ora siap, bocah wadon kelas 8 kuwe kejengkang, tiba njagong. Swara tibane keprungu mantul tembok sedawane lorong sekolah sing wis katon sepi merga bocah mipil bali. 

Untune Fira mringis, emstine nahan lara. Naufal karo kancane loro sengsaya ngeklek ngguyune. Raine Fira sing putih wis wujud abang. 

Michaelo njur mlangkah mereki Fira sing posisine esih njagong ora bisa menyat. Fira mung bisa meneng, matane merem pas Michaelo ndodok merekna rai njur mesem ngece.

“Melas banget sih kowe…” Ujare Michaelo ngeleg.

Trio kuwe njur ngguyu ngeklek bibare Michaelo mbalangna kacamatane Fira sewise dicopot paksa. Fira sing wis kesel karo lara atine krasa awake olih tengaga sing tekane mbuh sing ngendi. Njur Deweke ngorong-ngorog kaya ebeg jantur nganggo indang Macam. Saking orang percayane, bocah telu mau sing gemagah siki kamigilan, keweden.

“Kenangapa kowe padha mbully nyong baen saben dina? Nyong ora gawe salah apa ming kowe padha? Kowe, Najmina! Kowe ora tahu garap PR, kowe mung ngepek PR-e inyong. Kowe tega banget si.”

Fira sing ditinggal bocah telu mau mung teyeng ndlongop. Fira orang bisa nemu nalare kenangapa Najmina, Michaelo, karo Naufal dadi mungsuhi deweke merega kahanane ibune sing siki ora due lengen kiwane. Padahak kedadian mau merga kecelakaan, udu merga kehanan yang dikepengini ibune utawa Fira dewek. 

Angen-angene Fira mandeg setekane swara sikil sing mlayu banter sing disususul suara sepatune Arga mlangkah. Krikil mau ditendang ketua IPM. Deweke nembe rampung rapat pengurus IPM mula baline lewih sore. Kebeneran uga, Arga tangga umahe Fira.

“Fira! Kenang apa kowe nangis? pitakone Arga sing kuwatir.

Fira enggal-enggal nutupi raine, njur nenbe sadar kawit mau uluhe dlewer-dlewer. Arga nulungi Fira ben menyat njur dituntun mlaku ming ruang UKS sing posisine orang adoh. Kebeneran Arga nggota PMR mula sisan ngecek mbok-mbok ana luka neng awake Fira.

“Mas Arga… Nyong ora papa, mung masalah pribadi,” ujare Fira karo nyekeli kacamatane sing rusak.

“Maksude kepriwe? Ujarmu bullying kuwe masalah pribadi? Meneng ora ngubah kahanan! Kepriwe nek kanca-kancamu liane uga dadi korban? Deweke sing dadi pelku uga kudu ditulungi suapaya orang mabahayani dewek karo liyan. Kudu dilawan! Lapor ming guru BK!”

***

“Fira!” celuke Arga karo ngorong-ngorong kang kadohan. Fira ngendekna mlakune, ningen ora ngasi mbalik awake utawa nylinguk. Keprungu ceramahe Arga, Fira ora saya mari lara atine malah krasane kaya dislomod geni, mula uteke umeb meh kemebul. Ora gelam kegawa pikiran, Fara njur mlengos ninggalna Arga.

“Fira! Nyong mung pingin nulungi kowe! Nek ana masalah kaya mau aja isin crita!” Ujare Arga.

Fira ora semaur, ora manthuk, banjur mlaku maning ngasi ngliwati gerbang sekolah sisan ngadoih Arga, tapi atine krasa krenyes, adem. Kawit kedadian kue, Fira ora bakal kelalen eseme Arga seumur uripe.

Atine Fira janjane krasa esih magel. Fira dadi takon neng njero atine dhewek, kenang apa karo kepriwe kedadiankecelakaan nlantari biyunge nganti kelangan lengen kiwane. 

Kebeneran banget, sorene, Fira diprentah ibune jujugi jangan jengkol klangenane mbah kakunge. Sinambi ngancani simbah dahar, Fira kewetu nguntab. Fira ora tatag karo ngendikane ibu karo bapak sing nolak pedak-pendak Fira ngungkit perkara kecelakaane ibu. Ibu karo bapake mesthi semaure “Kecelakaan kue wis takdir sing gusti Allah sing kudu ditrima karo ati sing jembar.” 

Mbah kakung nambah mumete Fira karo ngendikane, “Ora kebeh perkara kudu koe ngerti. Tapi, sing becik mesti ketitik, sing ala bakal ketara."

***

“Fira kenang apa?” patakone bapake. 

Neng njero mobil, sebaline sekolah, Fira mung meneng, layar HP gesel ngisor dwueur kaya ora ana kesel, njathus, ora kaya biasane sing mesthi crita-crita kabehan kedadean neng sekolah. 

Tekan umah, Fira gagean mudun njur nutup lawang mobil kerosan. Mlebu ngumah kelalen ora nyopot sepatu. Neng ruang tamu, ibune lenggah nang kusi kesayangane, mestine agi nunggoni Fira karo Bapak. Ibu sing weruh raine Fira sing kaya kembang kacang, menyat arep ngendikan orang sida weruh Fira mbetot njur mbalangna krudung sekolahe.

“Ibu kenangapa ora ati-ati banget? Nek lewih ngati-ati mestine ibu orang ngasi kecelakaan. Nek ora kecelakaan astane ibu sing kiwe ora perlu dilang.”

“Lho, ana apa kie? Matur sing apik karo ibu.”

“Merga ibu astane siji, Fira di-bully karo kanca sekelas!”

Ibu esih meneng, nanging Fira langsung mlayu banter mlebu kamar. “BRAAKKK!!” Swara lawang kamar sing dibanting Fira. 

Bapak jebule wis pirsa merga ngrungokna sing teras. Deweke ngendikani Ibu ben omonge Fira aja dilebokaken nang ati.

***

Bapak mlebu kamare Fira. Keton Fira sing agi nangis nang kasur. Fira sing weruh ana bapak, gagean nutupi seawak nganggo selimut. Bapak mereki, lenggah neng kasur, persis neng sampinge Fira. Ijig-ijig bapak crita karo Fira sing esih umpetan neng njero selimutan.

“Rara…Fira sayang… bapak arep crita, soal kecilakaan sing dialamna karo Ibu mbiyen. Fira ngrungokna ya?” Ngendika bapak alus banget.

Fira njur njagong nang jejere bapake, ningen sih krodongan slimut merga isin esih nangis. Bapake mung mesem. Fira ngrasakna atine adem. Bapak sing biasane gojekan, sikidadi makhluk sing alus karo wicaksana, kaya Kiai Semar cara wayange.

“12 taun kepungkur, Bapak, Ibu, karo Fira kuwe arep plesiran ming Baturraden, mobilan. Ndilalahe, jaman semono kuwe, dalane urung apik kaya siki, nek setu minggu mesti jalane macet, dadine  bapak liwati jalur tikus. Ketiban kebenaran, dalane jebule ciut, mereng, tur lunyu, mbelet,” ngendikane bapak. “Awal esih aman baen, nganti teka udan deres, dalan lemahe dadi mbelet tur gawe lunyu. Kebeneran ngarepe mobile dewek ana kedadian longsor sing nduwur. Bapak panik, ora siap, bapak reflek mbanting setir mobil. Ibu njerit karo ngampel kowe kenceng banget. Tiba keberan, mobile bapak nabrak mobile wong sing posisine jejer. Dadine tanah longsor mau teyeng nyusuli,  gawe mobile dewek karo mobil sing ditabrak bapak guling bareng ming jurang kiwa dalan.” 

Sewise kedadean kur, Bapak ndelengi mobil sing wis anjur ketindih watu karo lemah uga ana oyod kayu. Awake bapak gobyos neng getih karo bayu udan. Bapak menangi Ibu agi nahani watu gedhe banget, gedhene watu kuwe kaya lemari klambimu kae. Lengen kiwane ibu nggo nahan watu, ningen lengen liyane ngampel kowe seret pisan. Lengen kiwane ibu sing nggo nahan watu kecocog beling kaca mobil. Jere dokter neng rumah sakit, lengen kiwane Ibu kudu diamputasi, nek ora infeksi bat pecahan beling arep kesampak karo mbahayani nyawane ibu. Ibu akhire ngrilakna lengen kiwane merga arep nyelametna uripe kowe, Fira.”

Neng atine Fira, ibune siki dadi tameng sing ora wutuh maning merga nyelametna uripe anak wadon. Banyu mripate Fira ora krasa metu ngguyuri pipine. Atine Fira krasa ajur banget merga ngerti nek dheweke wis gawe wong sing nyelametna uripe deweke malah dilaranini atine. Fira gagean nyingkab selimute, metu sekang kamare, ninggalna Bapak, mburu ibune. 

Bapak mesem, najan uluhe dleweran.

 

 

Dipun serat dening         : Naura Shazia Radheska W.

Editor                                 :  Mufti Wibowo

eduact